Selasa, 16 Juni 2009

Goa Lawa

Goa Lawa kiye mandan sejen dibanding goa-goa liyane nang Indonesia, goa kiye ialah goa vulkanik sing kebentuk sekang lava gunung Slamet jaman gemiyen sing meleleh tur dadi adem. Kedadeyan kuwe ndeyan wis ewonan malah jutaan taun gemiyen.

Sejarah
Taun 1978 petani-petani sekang desa Siwarak,
Kecamatan Karangreja, Kabupaten Purbalingga ndeleng ewonan lawa sing gawe sarang nang lobang gedhe nang salah siji bukit nang desa kuwe. Penduduk sing penasaran akhire brasil nemokna goa-goa gedhe nang bukit kuwe, penemuan kuwe ditanggapi pemerentah sing langsung ngirim tim ahli geologi sekang ITB.
Tanggal 30 November 1979 goa kiye resmi dadi obyek plesiran alam nang
kabupaten Purbalingga.


Bagian Goa Lawa
Nang goa Lawa kuwe ora mung siji thok goane ning mandan akeh antarane:
Goa Batu Semar

Goa Waringin Seto
Goa Dada Lawa
Goa Pancuran Slamet
Goa Sendang Slamet
Goa Sendang Drajat
Goa Gangsiran Bupati
Goa Lobang Panembahan
Goa Rahayu
Goa Keris
Goa Langgar
Goa Cepet
Goa Putri Ayu
Kabeh goa nang dhuwur kuwe ana lorong penghubunge, dadi antara goa siji karo liyane ana lorong tembus. Sing ora nana lorong tembusane ialah:
Goa Golek Kencana karo
Goa Angin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar